Media Rohani Terlengkap & Terpercaya


Input your search keywords and press Enter.

Tampi-tinampi Punika Jatosipun Gesang Pasamuwan Kristen (Lukas 19:1-10)




Yogyakarta, eBahana

Kita tentunipun sampun mireng utawi nante sumerep salah setunggalipun piyantun Didi Kempot, ingkang sampun kondang wonten jagad musik campur sari. Wonten ingkang dereng nate mireng Didi Kempot? Pitangkletipun; bilih kita sampun nate mireng lan sumerep Didi Kempot ingkang kondang menika, punapa Didi Kempot ugi tepang kalihan kita?

Bilih wonten piyantun ingkang sampun gadah asma kondhang, menika saestu kalajeng gampil sanget anggen kita nderek mireng, sumerep lan kenal. Contonipun kados dene Didi Kempot menika. Mekaten ugi wonten waosan Injil menika, Gusti Yesus dados piyantun ingkang kondhang ing tlatah Israel. Gusti Yesus dados juru pamulang umat ingkang katah penderekipun, Gusti Yesus gadah kuwaos kagem paring mujizat kesarasan dumateng tiyang ingkang sakit, lan tiyang pejah saged wungu malih. Punika ingkang ndadosaken Zakheus lan tiyang katah lajeng mireng, sumerep lan nderek Gusti Yesus. Para umat menika saestu mbetahaken piwulang kagem nglampahi gesang, umat mbetahaken pamomong, umat mbetahaken kesarasan bilih nandang sakit penyakit (sakitipun raga lan ugi jiwa), lan umat mbetahaken panglipuran bilih dukacipta.

Wonten waosan Injil menika Zakheus inggih juru-mupu bea, ingkang ngabdi wonten pemerintah bangsa Romawi. Pakaryan ingkang dipun tindakaken Zakheus menika mboten prayogi wonten ngarsane bangsa Israel, lan Zakheus ugi dipun wastani tiyang dosa amargi kaanggep nindhes tiyang katah.

Saben tiyang menika tentunipun gadah lepatipun piyambak-piyambak. Lepatipun gesang menika tansah mawerni-werni lan mboten sami kalihan sanesipun. Bilih wonten ingkang sami, mbokmenawi menika namung kebetulan mawon. Kalepatan inggih menika perkawis relasi-hubungan antar pribadi utawi kelompok. Wonten ingkang salah, wonten ingkang dipun salahi. Sami-sami mboten salah nanging salah paham, alhasil sedaya dados tumut salah. Conto: bilih wonten copet, utawi kita kecopetan. Copet menika inggih salah setunggal prilaku ingkang mboten sae, awit punika tumindak ingkang ngrugekaken tiyang sanes. Raosipun kegelan menika kados pundi? Conto menika kagem paring gambaran bilih wonten pihak ingkang sengaja damel klintu lan pihak ingkang rumaos kegelan awit dirugekaken.

Waosan Injil ingkang kita waos sesarengan menika, tanpa Zakheus nepangaken diri dumateng Gusti Yesus, Gusti sampun langkung rumiyin sumerep, tepang lan ngendika: ”Zakheus, enggal mudhuna, amarga dina iki Aku prelu leren ana ing omahmu”.

Gusti Yesus purun leren wonten pondokanipun Zakheus (ngewongake) ingkang dipun wastani lan dipunsebat tiyang dosa menika. Gusti Yesus purun mangertosi kawontenanipun Zakheus ingkang awrat, amergi dipunsebat tiyang dosa. Mekaten ugi Zakheus ingkang rumaos klentu lan dosa menika purun nampi rawuhipun Gusti Yesus kanthi bingahing manah (Bertobat).

Bilih wonten patunggilan kita sampun mratobat lan nampi Gusti wonten gesang padintenan, kita pasamuwan Kristen kedah tansah nganthi lan nyengkuyung. Mboten pareng gadah penggalih lan penampi ingkang ala, langkung-langkung nggosipi ingkang mboten sae. Amargi bab menika saged “mupusaken tekad”.

Mekaten ugi kita, kedah purun tampi-tinampi wonten saktengahing gesang kita, awit punika jatosipun gesang pasamuwan kristen. Bilih Gusti sampun nimbali lan tumedak wonten gesang kita, kita ugi kedah nampi lan mirengaken dawuhipun Gusti. Bilih kita mboten mirengaken lan nampi, kadospundi bade wonten karahayon wonten gesang kita? Amergi Gusti Yesus madosi lan nimbali tiyang ingkang katriwal. (Vicky Tri Samekto)



Leave a Reply